Rabu, 01 Oktober 2014

manuk mabur

Posted by erna victor On 11.05 No comments

 Dumadakan udan deres  lan angine ngedap-edapi esuk mau. Sansoyo nambah  roso sedih ku amargo digawe kuciwo karo mas angger.   Wes pirang-pirang taun anggonku sesambung katresnan karo mas angger, kudu pedhot koyo layangan  kang kabur angin.
Kelingan esemane mas angger rikolo jaman semono,  wektu nembak aku  neng café  limangtaun kepungkur. 
“ dik wening… anggonku ngajak tindak mrene iki, ora mung mergo aku  kepingen  dahar bareng thok, saliyane kui.. aku kepingen dik wening nompo tresna ku, aku due niat dadi sisihane dik wening…
Atiku keroso bingung, bungah lan pitakon muncul  soko atiku.
Aku nompo tresna ne mas angger amargo aku ngerti banget sopo slira ne, aku tepung seko semester siji wektu aku kuliah ono ing fakultas ekonomi ing kutho solo.

Dino-dino tak lakoni karo mas angger, susah lan seneng.  Bapak ibuku wis ngrestoni sesambungan katresanan ku.  Bagyo rasane aku karo mas angger, aku wis yakin yen arep bener dadi sisihane mas angger.
Angin sumilir  wayah sore, lungguh jejer  ing pantai glagah ngerasaake suasana mesra   , sirahku tak sendekake ono ing pundake mas angger.. karoso dunyo iki mung duweke wong loro.. 
Ora pernah aku ngerasaake sedih.. saben dino mung bungah isi atiku.

Lamaran gaweanku, ketrimo neng bank perkreditan cilik ono ing kutho lairku.  Ucap syukur marang Gusti amargo wes pikantuk gawean kanggo ngudi rejeki.  
nduk… kowe wes lulus kuliah, saiki wes entuk gawean.. calon sisihan yowes ono.. pie nduk? Kapan anggonmu nanting  angger… ibu yawes pingen duwe putu “ pitakone ibu wayah wedangan neng teras mburi  sore wingi. 
Aku mung manggut-manggut, ndungkluk sebab ora iso menei jawaban pasti.. ibu wes paham  karo jawabanku nganggo toto coro biasa sing tak lakoni wiwit aku cilik.
kulo badhe matur ibu.. “ pangucapku
“ibu.. nyuwun pangapunten bu,  menawi kulo ndadosaken tambahan penggalih ibu..”  kanthi deg deg an aku banjur crito sing sabenere, hubungan ku karo mas angger sing wes ora iso di dandani maneh.
dados.. kulo kaliyan mas angger sampun mboten wonten punopo-punopo ibu..,  sak meniko naming kekancan lan pasederekan kemawon “  lancar anggonku matur marang ibu…
“ lah… kepiye nduk ? kok iso ngono.. angger kan yo apik, lan bocae jujur…   sesambungan ya wes sue.. kok malah ngene  “  ibu katon kuciwo lan sedih.. mbrabak mripate ibu.. banjur mlangkah ninggale aku.
Teras mburi sore iki dadi saksi  anggonku nangis… eluh mili nang pipi. Suoro banyu kemricik soko kolam iwak cilik kang di gawe bapak jaman isih sugeng, nambahi perih ing atiku. Aku kelingan  sesasi sadurunge bapak kapundut gusti, mas angger lan bapak katon bungah, wong loro podo crito neng ruang tamu.  Crito bab sing podo dadi hobi ne, bapak lan mas angger ngguyu-ngguyu sajak yen seneng lan cocok karo sing di gunemke.
Sakbare bapak kapundut gusti,  saiki mas angger medhot katresnan..  roso ku koyo kelangan balung.. lemes banget. Aku kelangan anggonku nyelehke beban,  mung ono ibu lan aku emoh gawe ibu ketambahan pikiran amergo aku. Duh Gusti….

                Joglo mlati, gedong kulon ndalan seko arah lor kang mbiyen arep dadi anggonku resepsi  acara nikahan ku karo mas angger, dino iki ono janur lah katon ono persiapan pesto. Aku mandeg neng sisih kiwo lan mandeng.. ah.. dahibo senengku yen aku sido karo mas angger sing  due acara iki..
Dumadakan saklerapan ono wong mirip agung,  adine mas angger sing paling ragil.
Ah.. iyo.. kui agung..  aku kaget kok ono agung neng kono, neng gedong lan persiapan kanggo acara resepsi..
Aku banjur ngamatke tenanan, situasi joglo mlati iki. 
“ sinten ingkang badhe resepsi wonten mriki mas.. “ pitakon ku karo wong lanang gagah, sajake kui sing di pasrahi acara iki, utowo anggota EO ne.
“oh..  dospundi mbak, niki hajatipun  bu suryo, badhe ngunduh mantu, .. “  jawabane cekak nanging nggawe aku tambah pingen ndedes ngerti sopo sing nikah.
mas.. nyuwun sewu.. nopo mas angger ? “  aku gugup takon
leres mbak, mas angger sampun nikah kolo minggu wingi, kaliyan mbak retno,  lah niki ngunduh mantunipun… “  “ monggo mbak… “ mas mas sing nang ngarepku pamit sakwise njawab petakonku.
Banyu moto netes maneh  ing pipiku,  dadi mas angger ninggalake aku amargo wes due wanito liyo lan saiki dadi sisihane?
Jebul mung koyo ngene,  katresanan sing kesambung 5 taun..
Kok koyo ngene kasunyatan uripku.. nggrantes atiku.. perih banget..
Aku banjur mancal gas ku, nyetel radio banter..    ngilangi sedihku, aku muteri ringroad.. 
Aku ra ono tujuan.. ngelantur emboh anggonku nyetir.
Aku koyo manuk mabor sing ora due penclokan.. koyo ora ono pang sing iso tak dadiake nggonku leren. .
                 Emboh… cunthel
               
               

0 komentar:

Posting Komentar

monggo di pun koreksi