Dumadakan udan deres lan angine ngedap-edapi esuk mau. Sansoyo
nambah roso sedih ku amargo digawe
kuciwo karo mas angger. Wes
pirang-pirang taun anggonku sesambung katresnan karo mas angger, kudu pedhot
koyo layangan kang kabur angin.
Kelingan esemane mas angger rikolo jaman semono, wektu nembak aku neng café
limangtaun kepungkur.
“ dik wening… anggonku ngajak
tindak mrene iki, ora mung mergo aku
kepingen dahar bareng thok,
saliyane kui.. aku kepingen dik wening nompo tresna ku, aku due niat dadi
sisihane dik wening… “
Atiku keroso bingung, bungah lan pitakon muncul soko atiku.
Aku nompo tresna ne mas angger amargo aku ngerti banget sopo slira ne,
aku tepung seko semester siji wektu aku kuliah ono ing fakultas ekonomi ing
kutho solo.
Dino-dino tak lakoni karo mas angger, susah lan seneng. Bapak ibuku wis ngrestoni sesambungan
katresanan ku. Bagyo rasane aku karo mas
angger, aku wis yakin yen arep bener dadi sisihane mas angger.
Angin sumilir wayah sore, lungguh
jejer ing pantai glagah ngerasaake
suasana mesra , sirahku tak sendekake ono ing pundake mas
angger.. karoso dunyo iki mung duweke wong loro..
Ora pernah aku ngerasaake sedih.. saben dino mung bungah isi atiku.
Lamaran gaweanku, ketrimo neng bank perkreditan cilik ono ing kutho
lairku. Ucap syukur marang Gusti amargo
wes pikantuk gawean kanggo ngudi rejeki.
“ nduk… kowe wes lulus kuliah,
saiki wes entuk gawean.. calon sisihan yowes ono.. pie nduk? Kapan anggonmu
nanting angger… ibu yawes pingen duwe
putu “ pitakone ibu wayah wedangan neng teras mburi sore wingi.
Aku mung manggut-manggut, ndungkluk sebab ora iso menei jawaban pasti..
ibu wes paham karo jawabanku nganggo
toto coro biasa sing tak lakoni wiwit aku cilik.
“kulo badhe matur ibu.. “
pangucapku
“ibu.. nyuwun pangapunten bu, menawi kulo ndadosaken tambahan penggalih
ibu..” kanthi deg deg an aku banjur
crito sing sabenere, hubungan ku karo mas angger sing wes ora iso di dandani
maneh.
“ dados.. kulo kaliyan mas angger
sampun mboten wonten punopo-punopo ibu..,
sak meniko naming kekancan lan pasederekan kemawon “ lancar anggonku matur marang ibu…
“ lah… kepiye nduk ? kok iso
ngono.. angger kan yo apik, lan bocae jujur…
sesambungan ya wes sue.. kok malah ngene
“ ibu katon kuciwo lan sedih..
mbrabak mripate ibu.. banjur mlangkah ninggale aku.
Teras mburi sore iki dadi saksi
anggonku nangis… eluh mili nang pipi. Suoro banyu kemricik soko kolam
iwak cilik kang di gawe bapak jaman isih sugeng, nambahi perih ing atiku. Aku kelingan sesasi sadurunge bapak kapundut gusti, mas
angger lan bapak katon bungah, wong loro podo crito neng ruang tamu. Crito bab sing podo dadi hobi ne, bapak lan
mas angger ngguyu-ngguyu sajak yen seneng lan cocok karo sing di gunemke.
Sakbare bapak kapundut gusti,
saiki mas angger medhot katresnan..
roso ku koyo kelangan balung.. lemes banget. Aku kelangan anggonku
nyelehke beban, mung ono ibu lan aku
emoh gawe ibu ketambahan pikiran amergo aku. Duh Gusti….
Joglo mlati, gedong
kulon ndalan seko arah lor kang mbiyen arep dadi anggonku resepsi acara nikahan ku karo mas angger, dino iki
ono janur lah katon ono persiapan pesto. Aku mandeg neng sisih kiwo lan
mandeng.. ah.. dahibo senengku yen aku sido karo mas angger sing due acara iki..
Dumadakan saklerapan ono wong mirip agung, adine mas angger sing paling ragil.
Ah.. iyo.. kui agung.. aku kaget
kok ono agung neng kono, neng gedong lan persiapan kanggo acara resepsi..
Aku banjur ngamatke tenanan, situasi joglo mlati iki.
“ sinten ingkang badhe resepsi
wonten mriki mas.. “ pitakon ku karo wong lanang gagah, sajake kui sing di
pasrahi acara iki, utowo anggota EO ne.
“oh.. dospundi mbak, niki hajatipun bu suryo, badhe ngunduh mantu, .. “ jawabane cekak nanging nggawe aku tambah
pingen ndedes ngerti sopo sing nikah.
“ mas.. nyuwun sewu.. nopo mas
angger ? “ aku gugup takon
“leres mbak, mas angger sampun
nikah kolo minggu wingi, kaliyan mbak retno,
lah niki ngunduh mantunipun… “
“ monggo mbak… “ mas mas sing
nang ngarepku pamit sakwise njawab petakonku.
Banyu moto netes maneh ing pipiku, dadi mas angger ninggalake aku amargo wes due
wanito liyo lan saiki dadi sisihane?
Jebul mung koyo ngene, katresanan
sing kesambung 5 taun..
Kok koyo ngene kasunyatan uripku.. nggrantes atiku.. perih banget..
Aku banjur mancal gas ku, nyetel radio banter.. ngilangi sedihku, aku muteri ringroad..
Aku ra ono tujuan.. ngelantur emboh anggonku nyetir.
Aku koyo manuk mabor sing ora due penclokan.. koyo ora ono pang sing iso
tak dadiake nggonku leren. .
Emboh… cunthel
0 komentar:
Posting Komentar
monggo di pun koreksi